Feb 2, 2005

Lara Branta

Yen kelingan mring sliramu, adhuh
kadya rinujit atiku
yen siyang tansah katon malela
dalu dhatan bisa nendra
apa sliramu wis lali tenan
dhek semana nate janji
sedya arep urip bebarengan

Nanging aku ora ngira yen sliramu bakal cidra
bareng saiki wis mulya, banjur krama
ora nganggo kandha-kandha
wis pesthine lelakonku, adhuh
aku mung kudu narima
sapa kang bisa paring usada
nggonku nandang lara branta

---------------- u know how much i love u...

1 comment:

  1. duh..
    awakku rino wengi mikir marang sliramu
    tegone kon ninggal mlayu. dug! duh...

    ReplyDelete